Thursday, June 18, 2015

Cangkruk bersama Eri Irianto


Sudah lama keinginan untuk berkunjung dan menemui Eri Irianto salah satu legenda Persebaya ,akhirnya hari itu berangkat dari rumah pagi menaiki honda revo butut aku menyusuri jalanan Surabaya ke Krian. Karena masih sangat pagi aku memakai jaket agak tebal membalut kaos anniversary Persebaya warna hitam yang pesan di toko kaos baru berlogo mesin jahit singer ijo .Sesampainya di rumahnya aku cangkruk ambek Cak Eri ndek ngarep omahe .


Berikut sesi cangkruknya :

Aku ( A ) : Assalamualaikum Cak Eri , yo opo kabare ?

Eri Irianto (EI ) : Waalaikumsalam wr wb , Alhamdulillah apik cak . Suwe ora jamu cak tumben isuk2 wis tutuk kene iki

A : Iyo cak ,kangen sampeyan wis suwe gak nyambangi , mumpung sesuk wis posoan iki nyambung silaturahim

EI : Sek yo ta gawekno kopi ireng ben nyangkruk e tambah gayeng .

Eri Irianto masuk kedalam rumah membuatkan kopi ,dan saat keluar membawa baki berisi dua cangkir kopi satu kaleng besar Khong Guan biscuit legendaris dan satu piring telo rebus.

EI : Sak onoke yo cak maklum sek isuk durung budhal pasar , yo opo iki onok kabar opo ?

A : Gak opo2 cak biasa , sesuk iki PERSEBAYA ulang tahun ke 88 yo opo nurut sampeyan

EI : Wah iyo sampe lali aku , aku yo wis krungu sithik2 ruwete managemen klub, ta dungakno ae kabeh cepet mari karo isok mlaku maneh kompetisi internale

A : Sampeyan opo yo sek gelek ketemu konco2 lawas koyok Bejo,Uston,Jacksen,Mursyid cak ?

EI : Ketemu sih gak tapi sek sering ngobrol nang grup WA karo BBM , Bejo dadi pelatih porprov sing mari ajur ndek Banyuwangi , Uston Juragan Kuliner , Rawon ndek Malaysia , Cak Kimung yo dadi pelatih.

A : Wah ternyata yo update sampeyan cak……

EI : Iyo tapi sing susah updet iku arek saiki jarang sing nulis perkoro Persebaya,pemaine opo mantan pemaine. Onok o tulisan kadang teko penulis luar kota opo berupa berita/news.

A : Iyo cak sepurane , iki yo sek golek suhu2 bab ngono nang mas-mas Fandom,Pandit ben ngajari arek2 nulis ..

EI : Bener iku gak onok salahe ngangsu kawruh karo sing luwih ngerti,gak usah isin kanggo golek ilmu. Aku yo sering mbuka web e Fandom karo Pandit..apik

A : Ngene cak aku yo sek dolek foto-foto jaman sampeyan main sing apik kok angel dolekane yo

EI : Yo pancen angel soale jaman biyen tukang motret iku sek jarang sing kamerane apik seje ambek jaman saiki. Iku fotografer terkenal si Meksum fotone apik2

A : Wah sampeyan gaul cak yo kenal Meksum, dek ne iku omongane thas thes tapi kamerane bertele-tele. Opo maneh nek ndek lapangan wis nggawe Topi abang nggowo rangsel

EI : Makane iku gawe generasi sesuk mulai arsipen foto2 Persebaya plus tulisen opo ae ben gak ilang dalane kanggo anak putu .

“Sambil ngobrol disambi nyruput kopi karo mbuka Khong Guan yang ternyata isinya rengginang hahahahahaha……”
Terdengar di dalam rumah keluarga Eri Irianto ada sedikit tawa,mungkin mereka merasa gembira ada yang masih eling ambek anaknya dan nyambangi.

A : Sampeyan kok gak tau sambang mess cak betah banget ndek kene ?

EI : Yo opo gak betah ndek kene kabeh enak2 cewek e uayuuu uayuuu  sembarang gratis fasilitase ..wifi gratis tlecekan , angkot gratis full ac kurang opo maneh …

A : Onok sopo ae konco sampeyan ndek kono cak kok betah

EI : Akeh onok Abah Rusdi Bahalwan , Rae Bawa , Pak Agil H Ali , Pak Ali Mahakam …

A : Cak ape takok opo bener biyen pas jaman sampeyan ndek mess iku yo beredar obat2an sing nggarahi gedeg2 ? sepurane lho cak …hehehe

EI : Hahahaha krungu ae sampeyan crito iki …wis gak usah dibahas engko bengi wayahe tarawih trus tadarusan ndek langgar
Oh iyo jersey ku seing ndek mess jare arek2 kok gak tau di resiki , diumbah,disetriko di kei minyak wangi trus di pajang maneh

A : Iyo cak iki ,sepurane ,bener nek jersey sampeyan selawase gak tau diumbah yow is pancet ndek nggone kono,ketok kotor opo maneh piala-piala sing ndek lemari koco.

EI : Walah emane rek iku hasil kringete senior2 legenda biyen angel entuke biyen,yo mugo2 ngko nek wis normal onok sing gelem ngurusi hal-hal iku

A : Arek-arek Bonek Campus wis arep mulai ndata kabeh piala ,foto,barang2 liyane ndek mess cak,mugo-mugo ae ndang digarap dilebokno data administrasi sing rapi

EI : Nah ngunu lah sebagai bonek sing sekolah duwur isok ngajari adik2e ben peduli hal-hal ngunu iku.

A : Iki wis mulai awan cak aku tak pamit yo cak,suwon wis akeh critane karo ngancani ngobrol,kabeh iki aku yakin onok gunane kanggo Persebaya mbesok..

EI : Lha kok kesusu tak pikir arep turu kene opo pindah mrene cak

A : Hahahaha moh cak aku sek onok sing ngancani ndek omah onok sing masakno masio kadang utang tonggo

EI : Nek ngunu sing kesuwen jomblo ae kon pindah mrene akeh pasangan gratis

A : Terakhir cak mene Persebaya ulang tahun opo harapan e sampeyan

EI : Persebaya ndang tangio , gawe en bangga Suroboyo karo prestasimu ,wis ngunu ae SELAMAT ULANG TAHUN KE 88 PERSEBAYAKU ,EMOSI JIWAKU.

A : Ok cak suwon ya …aku ta mbungkus rengginange yo …

EI : Gowoen kabeh ae tp ojok ambek kalenge di kreseki ae…oh iyo salam kanggo mas potografer ganteng Mas Meksum ya..nek durung duwe pasangan kon pindah mrene ae ..akeh gratisan plus doorprize kulkas

A : Siap tak sampekno salame ..Assalamualaikum cak

EI : Walaikumsalam…

Bergegas ke halaman depan memakai helm dan penutup muka langsung nyengklak motor meninggalkan “rumah” sang legenda Persebaya dan kembali ke Surabaya

*Jika ada kesamaan nama dan lokasi ini adalah kesengajaan dari penulis*